puisi jawa

diajeng ku tersayang..
warta iki tak tulis kanti roso brebes eluh netroku
sanajan sliramu adoh sangking atiku tetep tak impeke
wong arep nyandang kabecikan kui kudu rekaos disek
yo mengkono iki sing di arani roso kangen

kembang kecubung risaos koyo wulan kang purna
kembang kantil ingkang dadosake arume jenengmu ing dadaku
kembang mawar endah ing netro koyo wulan purnomo
sanajan ora bisa nyanding roso tresnoku iki tetep atiku ono sliramu

diajeng..
sipat netro lan mesemu sing gawe atiku mobat mabit nganti ora biso lali
dalane wong kang arep bebrayan kui ora dlujur koyo dalan tol
kabeh mau ono jogangan kang kudu di lewati
sitik rong itek kudu sabar lan narimo

diajeng..
saiki aku mung iso dongo rino wengi mrang gusti
mugi mugi di ijbahi kanti tekan lakune
duuh gusti rapetnoh balung sing pisah iki dadi siji
yen ancen jodohku cerakno sak cerak2'e joyo klambi sing nempel ing rogoku
yen sanes jodohne dadekno aku lan diajeng paseduluran kang tinoto

ya rahman ya rahim
ingkang moho welas lan asih
sinambung balung reket ing walimatul 'ursy
dongo pidongo konco2 tak amini kanti nyuwun ijabahe gusti

semoga bisa membantu dan memotivasi anda

2 komentar

saya agak kurang ngerti mas ..
hehe